Sion, kuthane Gusti Allah
1Kidungan. Masmur anggitane bani Korakh. 2Pangeran Yehuwah iku Mahaagung lan luwih dening pinuji-puji ana ing kuthane Gusti Allah kita! 3Gununge kang suci, kang munggul endah, iku minangka kasenenganing sajagad rat; gunung Sion iku prenahe adoh ing sisih lor, kuthane Sang Nata Agung. 4Ana ing kadhaton-kadhatone Gusti Allah nedahake manawa Panjenengane iku dadi beteng. 5Amarga awasna, para raja padha ngumpul, sarta padha bebarengan mangsah nempuh; 6bareng padha ndeleng marang kutha iku padha kaebatan; kaget, banjur padha mlayu sarsaran. 7Dumadakan padha geter ana ing kono, padha lara kaya wong wadon kang nglarani arep duwe anak. 8Paduka ngremuki baita-baita Tarsis, kaliyan prahara saking wetan. 9Kayadene pangrungu kita, iya kaya mangkono pandeleng kita, ana ing kuthaning Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, ing kuthaning Allah kita; Gusti Allah kang nyantosakake iku langgeng ing salawase. (Selah) 10Dhuh Allah, wonten ing padaleman Paduka, kawula sami ngenget-enget dhateng sih-kadarman Paduka. 11Dhuh Allah, kadosdene asma Paduka, makaten ugi misuwur Paduka, ngantos dumugi ing pungkasaning bumi, asta tengen Paduka kebak kaadilan. 12Redi Sion kajengipun abingah-bingah; para putrinipun Yehuda kajengipun asurak-surak margi saking paukuman Paduka! 13Padha lumakua ngubengi Sion, padha ngubengana sakempute, etungen menarane, 14tamatna balowartine, dlajahana kraton-kratone, supaya kowe padha bisa nyaritakake marang anak-putu. 15Sanyatane iki Gusti Allah, iya Panjenengane iku Allah kita ing sabanjure lan ing salawase! Iya Panjenengane iku kang nuntun kita.