Pandongane wong kang kaoyak-oyak
1Kidung piwulang anggitane Prabu Dawud, nalika ana ing guwa; sawijining donga. 2Aku nyebut marang Sang Yehuwah kalawan swara sora, kalawan swara sora anggonku nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah. 3Pangadhuhku dakesokake ana ing ngarsane, karubedanku dakaturake marang Panjenengane. 4Manawi manah kawula nglentrih, Paduka nguningani lampah kawula. Wonten ing margi ingkang kawula ambah, tiyang wau sami masangi jiret kawula kalayan singidan. 5Kawula mulat manengen sarta milang-miling, boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang mreduli dhateng kawula; papan pangungsen kawula sampun ical, boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang ngupadosi kawula. 6Dhuh Yehuwah, kawula nyebut dhumateng Paduka, unjuk kawula: “Paduka punika papan pangauban kawula, inggih panduman kawula wonten ing nagarinipun tiyang gesang!” 7Paduka mugi karsaa nilingaken pasambat kawula, amargi kawula sampun lungkrah sanget, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking tiyang ingkang sami ngoyak-oyak kawula, amargi kekiyatanipun nglangkungi kawula. 8Kawula mugi Paduka luwari saking pakunjaran supados sageda ngalembana asma Paduka. Para tiyang mursid sami badhe ngepang kawula, manawi Paduka nandukaken kadarman dhateng kawula.