Jabur 134
Prajanjian Lawas
Kekidungan ing wayah bengi
Ayo padha saosa puji marang Sang Yehuwah. He sakehe para abdining Sang Yehuwah, kang padha teka leladi ana ing padalemaning Sang Yehuwah, ing wayah bengi. 2Tanganmu padha ulukna madhep marang papan suci, lan padha saosa puji marang Sang Yehuwah. 3Pangeran Yehuwah kang nitahake langit lan bumi, muga mberkahana kowe saka ing Sion.
Cari di Alkitab
Ayat populer
Kitab Suci Basa Jawa © Lembaga Alkitab Indonesia