Jabur 133
Prajanjian Lawas
Pasaduluran kang rukun
Saiba prayoga lan endahe, manawa para sadulur kang manggon saomah padha rukun. 2Iku kaya lenga jebad adi ana ing sirah kang ndlewer marang jenggot, kang ndlewer marang jenggote Imam Harun lan marang guloning jubahe. 3Kayadene ebune gunung Hermon kang mudhun ing gunung-gununge Sion. Awit iya ana ing kono Pangeran Yehuwah anggone ndhawuhake berkah lan urip nganti ing salawase.
Cari di Alkitab
Ayat populer
Kitab Suci Basa Jawa © Lembaga Alkitab Indonesia