Jabur 127
Prajanjian Lawas
Berkahe Pangeran Yehuwah kawitaning kaslametan
Manawa dudu Pangeran Yehuwah kang yasa omah, tanpa gawe panggarape tukange; manawa dudu Pangeran Yehuwah kang ngreksa marang kita, tanpa gawe wong jaga anggone melek. 2Tanpa guna anggonmu tangi esuk umun-umun, lan lelungguhan nganti bengi, lan mangan roti kang anggone oleh kalawan rekasa, amarga iku diparingake dening Panjenengane marang kang ditresnani nalika pinuju turu. 3Lah anak-anak lanang iku pusaka peparinge Sang Yehuwah, wohing wetengan iku sawijining pituwas. 4Kaya panah ana ing tangane wong prawira, kaya mangkono mungguh anak-anak nalika nome. 5Begja wong kang endhonge dikebaki kalawan iku kabeh. Wong iku ora bakal nandhang wirang manawa rembugan karo mungsuh ana ing gapura.
Cari di Alkitab
Ayat populer
Kitab Suci Basa Jawa © Lembaga Alkitab Indonesia