Pandonga nyuwun tulung lan pandonga tumrap Sion
1Pandongane wong sangsara nalika lesu-lesah lan banjur ngesokake pasambate ana ing ngarsaning Sang Yehuwah. 2Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, anggen kawula sesambat nyuwun pitulungan mugi sageda dumugi ing ngarsa Paduka. 3Mugi sampun nyingidaken wedana Paduka tumrap kawula ing dinten karubedan kawula. Mugi karsaa ngenglengaken talingan Paduka dhateng kawula; manawi kawula sesambat mugi enggal kersaa paring wangsulan! 4Amargi dinten-dinten kawula telas kados kukus, balung kawula sami mengangah kados prapen. 5Manah kawula pinupuh sarta alum kados rumput, ngantos kawula kasupen nedha roti kawula. 6Margi saking pasambat kawula ingkang sora kawula ngantos kantun lunglit. 7Kawula sampun kados peksi kontul wonten ing ara-ara samun, saha peksi beluk wonten ing jugrugan. 8Kawula boten saged tilem lan sampun dados kados peksi kepencil wonten ing payon. 9Sadinten muput kawula dipun uman-uman dening para satru kawula, tiyang ingkang sami damel dolanan kawula supaos kaliyan nyebut nama kawula. 10Awit kawula nedha awu kadosdene roti, saha omben-omben kawula, kawula campuri luh. 11Ingkang makaten punika margi saking deduka lan bebendu Paduka, kawula Paduka junjung lajeng Paduka simpar. 12Dinten-dinten kawula kados ayang-ayangan sangsaya panjang, saha kawula piyambak alum kados rumput. 13Nanging, dhuh Yehuwah, Paduka ingkang adhedhampar ing salaminipun, sarta asma Paduka tetep turun-tumurun. 14Paduka piyambak badhe jumeneng paring piwelas dhateng Sion, amargi sampun dumugi titimangsanipun kaparingan sih, sampun dumugi ing wancinipun. 15Awit para abdi Paduka sami remen dhateng sela-selanipun, sarta sami ngraos mesakaken dhateng reremukanipun. 16Para bangsa banjur padha ering marang asmaning Pangeran Yehuwah, sarta sakehing para raja ing salumahing bumi marang kaluhurane, 17manawa Sang Yehuwah wus mbangun Sion lan wus ngatingal kalawan ngagem kamulyane 18sarta wus miyarsakake marang pandongane para wong kang nandhang kemlaratan, sarta ora ngremehake marang pandongane. 19Bab iki kareben cinathet kanggo para turun ing tembe, temah bangsa kang katitahake mengko bakal padha ngluhurake Pangeran Yehuwah, 20awit Pangeran wus nguningani saka ing pasucene kang luhur, sarta Sang Yehuwah wus mirsani saka ing swarga marang ing bumi, 21prelu miyarsakake pasambate wong tahanan, tuwin ngluwari para wong kang wus cinadhangake marang pati, 22supaya asmaning Sang Yehuwah kawartakake ana ing Sion, tuwin Panjenengane pinuji-puji ana ing Yerusalem, 23samangsa para bangsa lan sakehing karajan nglumpuk, padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah. 24Panjenengane wus munggel kakuwatanku ana ing dalan, lan umurku dicendhakake. 25Aturku mangkene: “Dhuh Gusti Allah kawula, Paduka mugi sampun mundhut kawula ing sapalihing umur kawula! Taun-taun Paduka punika lestantun turun-tumurun!” 26Kala rumiyin Paduka sampun nalesi bumi, saha langit punika yasanipun asta Paduka. 27Punika sadaya badhe lebur, nanging Paduka piyambak ingkang lestantun, tuwin sanes-sanesipun sami lungsed kados pangangge, lan badhe Paduka santuni kados jubah, lajeng sami santun rupi, 28nanging Paduka piyambak boten ewah-gingsir, saha taun-taun Paduka boten badhe wonten watesipun. 29Anakipun para abdi Paduka sami badhe manggen kaliyan tentrem, saha turunipun sami lestantun wonten ing ngarsa Paduka