Pangeran Yehuwah Ratu kang langgeng
1Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja, abusana kamulyan, Pangeran Yehuwah busana lan apaningset kasantosan. Sanyata bumi wus jejeg ora gonjang-ganjing. 2Dhampar Paduka jejeg wiwit kala rumiyin, wiwit ing kalanggengan Paduka sampun wonten. 3Dhuh Yehuwah, lepen-lepen sami kumrasak, lan sami ngulukaken swaranipun, saha sami ngulukaken jumleguripun. 4Pangeran Yehuwah ngebat-ebati banget ana ing ngaluhur, ngungkuli kumrasaking banyu agung, ngluwihi jumleguring alun ing segara. 5Pranatan Paduka sanget kenceng, padaleman Paduka sampun sapantesipun manawi suci, dhuh Yehuwah, kangge ing salaminipun.