Jabur 87
Prajanjian Lawas
Sion kuthane Gusti Allah
Ing gunung-gunung kang suci ana kutha kang dibangun dening Pangeran. 2Kori-kori gapuraning Sion luwih dikasihi dening Pangeran Yehuwah, katimbang karo sakehing panggonane darah Yakub. 3He kuthaning Allah, kowe kasuwurake mungguh prakara-prakara kang mulya. (Selah) 4Rahab lan Babil Sungolongake para wong kang nganggep marang Ingsun, dalasan nagara Filisti, Tirus tuwin Etiopia: “Iki padha dilairake ana ing kono.” 5Nanging bab Sion diwartakake: “Wong iku siji-sijine laire padha ana ing kono,” lan Panjenengane, Kang Mahaluhur, kang njejegake. 6Wong iku mau kabeh padha kawilang dening Pangeran Yehuwah, samangsa nyatheti para bangsa: “Iki laire ana ing kono.” (Selah) 7Lan wong padha ngidung tuwin jogedan karo seneng-seneng: “Sakehing sumberku ana ing sajroning nagaramu.”
Cari di Alkitab
Ayat populer
Kitab Suci Basa Jawa © Lembaga Alkitab Indonesia