Pandonga kagem Sang Prabu
1Kanggo lurah pasindhen. Binarung swaraning clempung. Anggitane Prabu Dawud. 2Dhuh Allah, mugi karsaa miyarsakaken pasambat kawula, pandonga kawula mugi katilingna! 3Saking pungkasaning bumi kawula nyebut asma Paduka, amargi manah kawula lesu nglentrih, Paduka mugi karsaa nuntun kawula minggah ing redi parang ingkang kinggilen tumrap kawula. 4Paduka punika saestu dados papan pangayoman kawula, menara ingkang santosa wonten ing ngajenging mengsah. 5Kawula mugi Paduka parengaken manggen wonten ing kemah Paduka ing salami-laminipun, sarta ngayom wonten ing aubing swiwi Paduka! (Selah) 6Dhuh Allah, Paduka saestu sampun midhangetaken nadar kawula, sampun nyembadani panyuwunipun para tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka. 7Paduka mugi karsaa mewahi yuswanipun Sang Prabu, taun-taun sugengipun sageda ngantos turun-tumurun. 8Mugi anggenipun jumeneng ratu wonten ing ngarsanipun Gusti Allah saged lestantun ing salami-laminipun, sih-kadarman tuwin kasetyan Paduka kadhawuhana ngreksa panjenenganipun. 9Kawula badhe ngidungaken asma Paduka klayan masmur ing salaminipun, saha ngluwari nadar kawula ing sadinten-dintenipun.