Jabur 53
Prajanjian Lawas
Bab kanisthaning manungsa
Miturut lagu: Mahalat. Kidung piwulange Prabu Dawud. 2Wong gemblung mosik ing sajroning atine: “Ora ana Allah!” Kaculikan kang padha dilakoni iku rusuh lan nistha banget, ora ana kang nglakoni kabecikan. 3Gusti Allah mirsani mangisor saka ing swarga marang para anaking manungsa, karsa nguningani apa ana kang duwe budi, lan kang ngupaya marang Gusti Allah. 4Kabeh wus padha nyimpang, kabeh wus padha bubrah; ora ana kang gawe becik, siji bae ora ana. 5Para wong kang nglakoni piala iku apa ora ngrumangsani, yen padha memangan marang umatingSun nganti entek kaya mangan roti, lan ora nyebut marang asmane Gusti Allah? 6Ana ing kono padha ketaman ing pagiris, sanadyan ora ana kang marakake giris; amarga Gusti Allah nyebar balung-balunge wong kang padha ngepung kowe, wong iku bakal padha kawirangake, amarga wus padha katampik dening Gusti Allah. 7Muga-muga pangentasane Israel tekaa saka ing kutha Sion! Manawa Gusti Allah maluyakake kaanane umate maneh, Yakub bakal surak-surak, Israel bakal bungah-bungah.
Cari di Alkitab
Ayat populer
Kitab Suci Basa Jawa © Lembaga Alkitab Indonesia