Jabur 23
Prajanjian Lawas
Gusti Allah iku pangen kang utama
Sang Yehuwah iku pangenku, aku ora kekurangan apa-apa. 2Aku diplegungake ana ing pangonan kang akeh sukete, aku digiring menyang ing banyu ing panggonan kang tentrem; 3nyawaku diayemake, sarta dituntun ing dalaning kabeneran marga saka asmane. 4Malah sanadyan lumaku ana ing jurang palimenganing pati, aku ora wedi marang bilai, margi Paduka ingkang nganthi kawula; teken Paduka saha lantaran Paduka punika sami nglipur kawula. 5Paduka nata pasegahan kangge kawula, wonten ing ngajengipun satru kawula; sirah kawula Paduka jebadi kaliyan lisah, tuwung kawula kebak mancep-mancep. 6Amargi namung kabegjan lan kadarman thok ingkang badhe ngirid lampah kawula, salaminipun gesang, saha kawula badhe manggen wonten ing padalemaning Sang Yehuwah ing salaminipun.
Cari di Alkitab
Ayat populer
Kitab Suci Basa Jawa © Lembaga Alkitab Indonesia