Kamulyane Sang Yehuwah ana ing pakaryaning astane lan ana ing angger-anggere
1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. 2Langit nyaritakake kamulyaning Allah, sarta akasa mratelakake yeyasaning astane; 3rina ngluberake pawarta iku ganti-gumanti, lan wayah bengi medharake kawruh ganti-gumanti. 4Ora ana pawarta lan ora ana tembung, ora keprungu swarane, 5ewadene kumandhange ngebeki salumahing bumi, pamicarane tumeka ing pungkasaning jagad. Pangeran wus mrenahake tarubing surya ana ing langit 6kang pletheke kaya panganten lanang kang lagi metu saka ing kamare, berag kaya prawira kang arep lumaku ing dalane. 7Wetune saka ing tepining langit sarta ubenge tumeka ing sisih liyane, ora ana barang kang ora kena ing panasing sunare. 8Angger-anggere Sang Yehuwah iku sampurna, nyegerake nyawa; pranatane Sang Yehuwah iku setya tuhu, aweh kawicaksanan marang wong kang ora duwe pangalaman. 9Pangandikane Sang Yehuwah iku patitis, mbungahake ati; prentahe Sang Yehuwah iku murni, gawe sumoroting mripat. 10Wedi marang Sang Yehuwah iku suci, lestari ana ing salawase; paugerane Sang Yehuwah iku bener, kabeh adil, 11endahe ngungkuli mas, malah ngluwihi mas murni akeh; legine ngungkuli madu, malah ngungkuli rembesing madu saka ing tala tawon. 12Lan malih abdi Paduka dipun engetaken dening punika wau sadaya, sarta tiyang ingkang netepi tampi ganjaran ageng. 13Sinten ingkang saged ngyektosi panasaran? Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking ingkang boten kawula ngretosi. 14Abdi Paduka mugi Paduka ayomi, ugi margi saking wontenipun tiyang ingkang sami ndhugal; punika sampun ngantos sami ngwaosi kawula! Kawula lajeng tetep tanpa cacad saha resik saking ing panerak ingkang ageng. 15Mugi-mugi Paduka karenan dhateng kedaling cangkem kawula tuwin pangangen-angen kawula lan panggagasing manah kawula, dhuh Yehuwah, peparang kawula, saha panebus kawula.