Sih-susetyaning Allah marang bangsa Israel
1Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah, sabab Panjenengane iku becik! awit langgeng sih-kadarmane. 2Padha saosa puji marang Allahe para allah, awit langgeng sih-kadarmane. 3Padha saosa puji marang Gustine para gusti, awit langgeng sih-kadarmane. 4Marang Panjenengane kang nindakake kaelokan gedhe piyambakan, awit langgeng sih-kadarmane. 5Marang Panjenengane kang nitahake langit kalawan kawicaksanan, awit langgeng sih-kadarmane. 6Marang Panjenengane kang njereng bumi kadhasaran banyu, awit langgeng sih-kadarmane. 7Marang Panjenengane kang nitahake barang-barang kang madhangi kang gedhe ing langit, awit langgeng sih-kadarmane. 8Srengenge kang mengku raina, awit langgeng sih-kadarmane. 9Sarta rembulan lan lintang-lintang kang mengku ing wayah bengi, awit langgeng sih-kadarmane. 10Kang mejahi para pembarepe wong Mesir, awit langgeng sih-kadarmane. 11Lan ngirid Israel metu saka ing satengahe, awit langgeng sih-kadarmane. 12Sarana asta kang rosa lan kalawan ngayatake lengene, awit langgeng sih-kadarmane. 13Segara Teberau dipiyak dadi loro, awit langgeng sih-kadarmane. 14Lan nyabrangake Israel metu ing tengahe, awit langgeng sih-kadarmane. 15Sang Pringon sawadya-balane dikelemake ana ing segara Teberau, awit langgeng sih-kadarmane. 16Gusti Allah kang ngirid lakune umate metu ing segara wedhi, awit langgeng sih-kadarmane. 17Kang ngasorake perange raja gedhe-gedhe, awit langgeng sih-kadarmane. 18Para ratu kang mulya padha dipateni, awit langgeng sih-kadarmane. 19Sihon, ratune bangsa Amori, awit langgeng sih-kadarmane. 20Lan Og, ratu ing Basyan, awit langgeng sih-kadarmane. 21Tanahe banjur diparingake dadi pusakane, awit langgeng sih-kadarmane. 22Dadi pusakane Israel, abdine, awit langgeng sih-kadarmane. 23Gusti Allah kang ngengeti kita sajroning kaasoran, awit langgeng sih-kadarmane. 24Padha diluwari saka ing tangane mungsuh kita, awit langgeng sih-kadarmane. 25Apadene paring pangan marang sakehing makhluk, awit langgeng sih-kadarmane. 26Padha saosa puji sokur marang Gusti Allahing swarga, awit langgeng sih-kadarmane.