Jabur 131
Prajanjian Lawas
Pasrah marang Gusti Allah
Dhuh Yehuwah, kawula boten gumunggung sarta boten mawas kanthi kumlungkung; kawula boten nggayuh dhateng bab-bab ingkang muluk-muluk, utawi bab-bab ingkang aneh tumrap kawula. 2Saestu, kawula sampun nentremaken sarta ngleremaken nyawa kawula; kados lare sapihan ingkang tileman celak biyungipun, kados lare ingkang dipun sapih nyawa kawula wonten ing nglebet kawula. 3He Israel, ngarep-arepa marang Pangeran Yehuwah, wiwit samengko nganti ing salawas-lawase!
Cari di Alkitab
Ayat populer
Kitab Suci Basa Jawa © Lembaga Alkitab Indonesia