Jabur 124
Prajanjian Lawas
Pinujia Juru Selamete bangsa Israel
Yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita, – dikaya mangkono pangucape Israel, – 2yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita, nalika wong padha gumregah nglawan marang kita, 3kita mesthi wus padha diuntal urip-uripan, nalika mulad-mulading nepsune marang kita; 4kita banjur kentir ing banyu, aku wus padha kleleb ana ing kali; 5ilining banyu kang luber kang molak-malik iku wus nasabi kita. 6Pinuji-pujia Pangeran Yehuwah kang ora ngulungake kita dadi mangsane untune wong-wong mau! 7Nyawa kita padha bisa oncat kaya manuk, kang oncat saka jirete wong mikat, rantas jirete, kita nuli oncat. 8Pitulungan kita iku ana ing asmaning Sang Yehuwah, kang nitahake langit lan bumi.
Cari di Alkitab
Ayat populer
Kitab Suci Basa Jawa © Lembaga Alkitab Indonesia