Jabur 122
Prajanjian Lawas
Pandonga nyuwunake tataraharjane kutha Yerusalem
Aku bungah nalika ana wong kang kandha marang aku mangkene: “Ayo padha munggah menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah.” 2Saiki sikilku padha tumapak ana ing gapuramu, he Yerusalem. 3He Yerusalem, kang wus kaadegake dadi kutha sesanggitan rapet, 4kang kaunggahan dening para taler, yaiku para taler kagunganing Sang Yehuwah, prelu padha ngucap sokur marang asmaning Sang Yehuwah, nocogi pranatan tumrap Israel. 5Awit ing kono prenahe dhampar-dhamparing pangadilan, dhampare trahe Prabu Dawud. 6Yerusalem padha suwunna tentrem rahayu: “Sakehing wong kang tresna marang kowe ginanjara kasantosan. 7Tentrem rahayu anaa sajroning balowartimu, lan kasantosan anaa ing kadhatonmu.” 8Marga saka para sadulurku lan para mitraku, aku dakngucapake: “Tentrem rayahu anaa ing kowe.” 9Marga saka padalemane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahku, aku bakal padha ngupaya apa kang becik tumrap kowe.
Cari di Alkitab
Ayat populer
Kitab Suci Basa Jawa © Lembaga Alkitab Indonesia