Jabur 120
Prajanjian Lawas
Dioyak-oyak ing paekan
Sajroning karubedan aku sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur disembadani: 2“Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking lambe ingkang cidra, saking ilat ingkang dora-cara.” 3Apa kang bakal diparingake marang kowe, sarta kowe diparingi tambahan apa, he ilat kang dora-cara? 4Panahe prawira kang landhep, tuwin mawane kayu arar. 5Cilaka aku amarga kudu manggon kaya wong manca, kaya wong ngamanca ana ing tanah Mesekh, awit kudu manggon ana ing antarane kemahe bangsa Kedar! 6Wus cukup suwe pamanggonku awor karo wong kang padha sengit marang karukunan. 7Aku iki dhemen rukun, nanging saben ana pangucapku, wong ing kono banjur padha ngajak perang.
Cari di Alkitab
Ayat populer
Kitab Suci Basa Jawa © Lembaga Alkitab Indonesia