1Haleluya! Pangeran Yehuwah arep dakcaosi pamuji sokur kalawan gumolonging atiku, ana ing pakumpulane para wong mursid lan ana ing pasamuwan. 2Pakaryane Sang Yehuwah iku agung, patut dititi-priksa dening sakehing wong kang kasengsem. 3Pakaryane iku agung lan mulya, tuwin kaadilane tetep ing salawas-lawase. 4Kaelokane wus didadekake pangeling-eling; Pangeran Yehuwah iku sih-mirma sarta welasan. 5Para wong kang ngabekti marang Panjenengane iku padha diparingi pangan, prajanjiane diengeti ing salawase. 6Daya-kekiyataning pakaryane wus ditedahake marang umate, padha diparingi tanah pusakane para bangsa. 7Pakaryaning astane iku kabeneran lan kaadilan, sakehing prentahe iku padha kena diugemi, 8salawas-lawase lan ing sateruse kukuh, katindakake kalawan bener lan jujur. 9Umate pinaringan pangentasan, Gusti Allah dhawuh supaya prajanjiane iku kanggo ing salawas-lawase, asmane iku suci sarta nggegirisi. 10Pangabekti marang Pangeran Yehuwah iku wiwitaning kawicaksanan, sarupaning wong kang nglakoni iku padha duwe budi padhang. Pangalembana marang Gusti Allah iku langgeng ing salawase.