Jabur 100
Prajanjian Lawas
Ngluhurna Gusti Allah ana ing padalemane
He bumi kabeh, padha surak-suraka ana ing ngarsaning Yehuwah. 2Padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah kalawan sukarena, padha sowan ing ngarsane kambi surak-surak! 3Padha sumurupa manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, Panjenengane iku kang nitahake kita lan kita dadi kagungane, umate lan pepanthan wedhus ngenngenane. 4Padha lumebua liwat ing gapurane kalawan memuji asmane, lumebua ing platarane kalawan kidung pangalembana, ngaturna pamuji sokur lan ngluhurna asmane. 5Amarga Pangeran Yehuwah iku becik, sih-kasetyane iku kanggo ing salawase, lan kasetyane lestari turun-tumurun.
Cari di Alkitab
Ayat populer
Kitab Suci Basa Jawa © Lembaga Alkitab Indonesia