Hosea 12
Prajanjian Lawas
1Ingsun wus dikepung dening Efraim kalawan dora-cara, lan kalawan apus dening turune Israel, dene Yehuda ngilang saka ing sacelake Gusti Allah, saka ing sacelake Kang Mahasuci kang setya. 2Efraim iku njaga angin, lan mburu angin wetan sedina muput, ngakehake tindak cidra lan panganiaya, padha gawe prajanjian karo Asyur, lan nggawa lenga menyang ing tanah Mesir. 3Pangeran Yehuwah bebantahan karo Yehuda, lan bakal ngukum Yakub miturut polah-tingkahe, sarta bakal males kang murwat karo tindak-tanduke. 4Ana ing guwa-garba Yakub ngapusi sadulure, sarta bareng wus rosa gelut kalawan Gusti Allah. 5Dheweke gelut karo Sang Malaekat lan unggul, kalawan nangis nyuwun kawelasan marang Panjenengane. Ana ing Betel ketemu kalawan Panjenengane, lan ana ing kono Panjenengane mangandikani mangkene: 6– Iya iki Sang Yehuwah, Allahe kang sarwa tumitah, kang asma Yehuwah. – 7“Sira iku kudu mratobat marang Allahira, netepana katresnan lan angger-angger, sarta tansah ngarep-arepa marang Allahira.” 8Padha kaya Kanaan, kang nyekel traju kang cidra, lan kang seneng memeres, 9pangucape Efraim: “Aku rak wus dadi sugih, wus oleh raja-brana. Nanging sakehe wohe kangelanku ora nuwuhake kaluputan kang ateges dosa tumrap aku.” 10Nanging Ingsun iki Yehuwah, Allahira wiwit nalika sira ana ing tanah Mesir. Ingsun isih karsa manggonake sira ana ing tarub-tarub maneh kaya ing dina-dina riyaya. 11Ingsun mangandikani para nabi, sarta wus paring wahyu bola-bali apadene paring pasemon lumantar para nabi mau. 12Manawa ing Gilead ana kadursilan, wong-wong iku wus padha dadi tanpa guna; ana ing Gilgal padha saos kurban sapi-sapi lanang, mulane misbyah-misbyahe uga padha dadi kaya tumpukan watu ana ing singkal-singkalane pategalan. 13Yakub ngungsi menyang ing tanah Aram, Israel ngenger supaya oleh bojo, malah nganti dadi pangon supaya oleh bojo iku. 14Lumantar nabi Pangeran Yehuwah nuntun Israel metu saka ing tanah Mesir, malah banjur direksa dening nabi. 15Efraim wus gawe gerahing panggalihe Pangeran kang banget, temah Gustine bakal nglestarekake anggone katempelan utang getih, sarta bakal paring piwales tumrap ing cacade.
Cari di Alkitab
Ayat populer
Kitab Suci Basa Jawa © Lembaga Alkitab Indonesia