Ayub 39
Prajanjian Lawas
1Apa sira bisa nggolekake memangsaning singa wadon, lan bisa maremake marang singa enom, 2manawa padha mendhek-mendhek ana ing guwane manawa padha ndingkik ana ing grumbulan? 3Sapa kang nyawisake pakaning gagak, manawa anake padha sesambat marang Gusti Allah, padha klambarangan marga ora ana pangan? 4Sira apa sumurup wancine wedhus gunung duwe anak, utawa apa namatake menjangan anggone nglarani? 5Apa sira bisa ngetung pirang sasi anggone meteng sarta apa bisa nyumurupi ing eleke? 6Anggone nglairake anake, kalawan njengking lan banjur ngetokake isining guwa-garbane. 7Anake padha dadi rosa lan gedhe ana ing ara-ara, padha lunga lan ora bali marang embokne. 8Sapa kang ngumbar kuldi alasan, utawa sapa kang nguculi dhadhunge kuldi ing ara-ara? 9Ara-ara kang Sunparingake dadi papan padunungane lan tanah asin dadi pasabane. 10Ramening kutha dipoyoki, ora krungu swarane kang nggiring; 11banjur golek pangonan ing gunung-gunung, lan ngluru samubarang kang ijo. 12Apa bantheng gelem teluk marang sira utawa gelem turu ing sacedhaking ambenira manawa bengi? 13Apa sira bisa meksa bantheng ngenut kalenaning wluku kalawan keluhan, utawa nggaru bumi ing lebak ngetutake lakunira? 14Apa sira pracaya, marga gedhe karosane? Utawa banjur sira pasrahi pagaweanira kang abot? 15Apa sira nemtokake, yen bakal ngulihake pametuning buminira, lan nglumpukake ing papan panutonira? 16Manuk unta kekablak kalawan bungah nanging apa elar lan wulu iku mratelakake katresnan? 17Awit endhoge ditinggal ing lemah, lan dietogake sarta diangremake ana ing pawedhen, 18nanging lali, manawa endhog mau bisa kapidak ing sikil, lan kailes-iles ing kewan alasan. 19Pangrengkuhe marang anak-anake keras kaya-kaya dudu anake dhewe; sanajan rekasane tanpa guna, ora dipreduli, 20amarga ora kaparingan kawicaksanan dening Gusti Allah lan ora dipandumi pangreten. 21Manawa kekablak kalawan gumunggung. banjur nggeguyu jaran lan kang nunggangi. 22Apa sira kang aweh karosan marang jaran? Apa sira kang nyandhangi suri ing githoke? 23Apa sira kang mbisakake mlumpat kaya walang? Panggabere kang nggegirisi medeni. 24Anggone thakur-thakur ing lemah kalawan gambira, anggone maju methukake gegaman kalawan kakuwatan. 25Sabarang kang nggegirisi digeguyu, sarta ora tau wedi apadene ora gelem mundur manawa arep-arepan karo pedhang. 26Endhong panah kamrincing ing sadhuwure, tumbak lan towok pating cleret. 27Kalawan ringas lan galak lemah dikemah-kemah, sarta banget notole manawa krungu unining kalasangka; 28ngerik-ngerik manawa kalasangka kaunekake; lan saka ing kadohan wus bisa ngambus anane perang, bantering abane para panggedhe tuwin suraking wadya-bala. 29Apa kapinteranira kang mulang mabur manuk wulung kalawan ngegarake swiwine ngener mangidul? 30Apa marga saka prentahira manuk beri iku anggone banjur mumbul lan nusuh ing panggonan kang dhuwur? 31Anggone manggon lan nusuh ana ing gunung parang, ing pucaking gunung parang lan ing gunung kang angel ingunggahan. 32Ana ing kono anggone ingak-inguk madik-madik memangsane, matane ngingat-ngingatake saka ing kadohan; 33anake padha ngokop getih lan ing ngendi ana bathang, manuk beri mesthi ana ing kono.” 34Sang Yehuwah tumuli nyambeti, pangandikane marang Ayub: 35“Si juru panutuh apa isih arep mabeni marang Kang Mahakwasa? Kang nacad marang Gusti Allah iku supaya mangsulana!” 36Ing kono unjuke Ayub marang Sang Yehuwah: 37“Saestu, kawula punika asor sanget, kawula badhe ngaturaken wangsulan punapa dhateng Paduka? Cangkem kawula kawula tutupi kalayan tangan. 38Sapisan kawula sampun gadhah pangucap, nanging badhe boten kawula lairaken malih; malah kaping kalih, nanging boten badhe kawula lajengaken.”
Cari di Alkitab
Ayat populer
Kitab Suci Basa Jawa © Lembaga Alkitab Indonesia